Portal Digital Data Personal

Tulisanku
Rabu, 23 September 2009

contoh pidato bahasa jawa

contoh pidato bahasa jawa :
Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak Drs. Soenarso ingkang kula kurmati
Rencang rencang kelas XII IPA 2 ingkang kula tresnani

Sadherengipun sumangga kita sareng- sareng ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha kuwaos, amargi rahmat kaliyan hidayah- Nya kita saged makempal wonten kelas puniki kanti sehat wa’afiat mboten wonten alangan satunggal menapa.

Ing wekdal punika, kula ajeng pidato ingkang temanipun pengageman handphone. Handphone utawi HP wonten jaman menika sampun limrah amargi saking lare SD, SMP, kaliyan SMA sampun ngagem HP. Saking pegawai Negeri, pegawai swasta, sopir ngantos tiyang tengga warung gadhah HP, amargi reginipun sak niki sampun saged kajamah dhateng tiya kala wau.

PIDATO BAHASA JAWA

Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak Drs. Soenarso ingkang kula kurmati
Rencang rencang kelas XII IPA 2 ingkang kula tresnani

Sadherengipun sumangga kita sareng- sareng ngunjukaken puji syukur dhumateng gusti ingkang maha kuwaos, amargi rahmat kaliyan hidayah- Nya kita saged makempal wonten kelas puniki kanti sehat wa’afiat mboten wonten alangan satunggal menapa.

Ing wekdal punika, kula ajeng pidato ingkang temanipun pengageman handphone. Handphone utawi HP wonten jaman menika sampun limrah amargi saking lare SD, SMP, kaliyan SMA sampun ngagem HP. Saking pegawai Negeri, pegawai swasta, sopir ngantos tiyang tengga warung gadhah HP, amargi reginipun sak niki sampun saged kajamah dhateng tiya kala wau. Regininipun sanes- sanes, saking Rp. 50.000,00 ngantos Rp. 2.000.000,00. HP menika awrat sanget kaliyan kathah manfaatipun, tuladha :
1. Dados Media komunikasi
Media komunikasi menika manfaatipun HP ingkang paling utami. Amargi HP menika didamel kangge memperlancar komunikasi saking tiyang setunggal dhumateng tiyang sanesipun. Kita mboten kedhah kepanggih bilih ajeng silaturahmi, cekap SMS utawi telepon kita saged paring kabar. Dhateng lare sekolah Hp saged kangge tanglet PR utawi antar jemput sekolah.
2. Dados Media edukasi
Saking HP, lare sekolah saged mendhet materisekolah kaliyan kawruh sanesipun amargi HP jaman menika saged koneksi kaliyan internet. Saking HP inggih saged pados pawarta- pawarta.
3. Dados Media hiburan
Hp wonten tahun 2010 menika sampun canggih sanget. Sampunsaged mirengaken MP3 kaliyan radio sarta saged ningali film kaliyan TV. Fasilitas menika saged dados hiburan bilih kita nembe kathah pikiran utawi nembe gadhah wekdal ingkang longgar. Fasilitas menika dados nilai tambah saking HP menika sanesipun dados media komunikasi.
4. Dados Media dokumentasi
HP ingkang enggal menika dipun pepaki kaliyan kamera. Ngangge kamera menika kita saged mendhet photo utawi video kangge ngabadiaken acara ingkang awrat kayata seminar utawi adicara ambal warsa.
Menika pidato kula bab kegunaanipun HP. Cekap semanten anggen kula matur wonten wekdal menika. Bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten seageng- agengipun.
Wassalamualaikum wr. wb

  • Blogger Comments
  • Facebook Comments
Item Reviewed: contoh pidato bahasa jawa Rating: 5 Reviewed By: Wawan Listyawan